Kuwalat Dadi Jambu Mété

“Risiko kula awrat: menawi duraka, malik dados jambu mété… Héhéhé,”

Mengkono guyonané Lik Blontank nalika ngécé aku amarga aku pancèn luwih tuwa lan wis miwiti krépo dhèyèk-dhèyèk, kathik tambah lalèn — bar saka kulon kèlingané malah ngétan. Pokoké wis ora bregas lan ora permana.

Lha ananging sapa to bocah jaman saiki, warga kutha, sing isih ngerti jambu mété? Yèn mété mesthi ngertiné, lha yèn jambuné? Yen uwohé ngerti durung mesthi tau meruhi wité.

Jambu mété (Anacardium occidentale) utawa jambu monyèt (dudu jambu munyuk) iku dianggep béda saka jambu liyané, umpamané jambu wèr utawa jambu air (wong Inggris ngarani “water apple“; Syzygium samarangense).

Jambu mété nduwèni sirah utawa endhas ing ngisor. Sirah utawa isi iku sing dadi cemilan. Amarga sirahé ing ngisor mulané jambu mété kerep kanggo ngumpamaaké bocah kang kuwalat saka durakaning marang wong tuwa. :D

Lha sakjané, miturut ahli ilmu hayat, sing kaaran uwoh iku ya météné, wijiné. Sing kaya daging uwoh iku mung bongkot utawa tatakan kembang kang dadi abuh ananging ora nganti mbledhos.

Dipublikasi di masarakat | Tag , , , , , , | 4 Komentar

Jerman, Jèrman, lan Jérman

jerman utawa alemania

Lagi ramé-raméné “Piala Dunia” (dudu “piala” kang ateges “ala”) utawa Bal-balan Sadonya, akèh wong padha ngrembug sapa sing dadi jagoné lan bakal menang, yèn perlu malah nganggo totohan ananging dudu toh nyawa. Salah sijiné nagara kang mèlu bal-balan iku Alemania utawa Germany. Lucuné, carané nyebut negara iku ana telung  pangocapan.

Sapisan: Jerman, “e”-nè  kaya ing “e” tembung “klepon”. Ana lho sing mlèsètaké dadi “pijer manak”.

Kaping pindhoné: Jèrman , kanthi “è” kaya ing tembung “ngèyèl”. Mulané ana kang ngothak-athik-gathuk dadi “jèjèr kauman”.

Kaping teluné: Jérman, kanthi “é” kaya ing tembung “wétan”.

Wis to, iku ora wigati. Beda lésan beda suara. Lumrah.

Ana kang luwih wigati. Bab “e”, “é” lan “è”, Basa Indonesia iku ora ngakoni “é”. Dadi umpamané waé tembung “tempe” iku diwènèhi katerangan supaya diwaca “tèm-pè”, ananging uniné “è” kaya déné “é” ing tembung manca “café“. Anèh ananging nyata.

Apa sebabé aku ora ngerti. Mbok manawa para sutresna luwih pirsa bab iki, sumangga nyerat waé. Suwun.

Dipublikasi di pasamuwan | Tag , , , , , | 9 Komentar